Warta Jawi

Facebook
RSS
Warta Jawi " Hangaturaken Sugeng Ariadi ", mugya ing dinten fitri, sedaya kalepatan kula panjengan sedaya pikantuk ampunanipun Gusti Ingkang Murbaeng Dumadi. Amien "

5 Pitutur Kang Becik


1.      Yen kepengin nglungguhi pangkat kang dhuwur luwih prayoga yen dikawiti saka kalungguhane kang endhek dewe. Kawit klawan mengkono ing tembe siro ora disepeleake dening bawahanmu, lan kang utama yaiku sira nuli bisa nglungguhi ing kawicaksanan, adoh saka watak deksura, ananing mung sarwo kebak tepa selira.

2.      Aja ndarbeni pepenginan dadi wong kang luwih kang ngandhut idham-idhaman supaya sarembuge diendel wong akeh. Luwih prayoga tansah njaga bae marang rembukira kanthi becik, petitis lan maedahi. Karo maneh tindak-tanduk kang ngresepake, luwih-luwih kang bisa aweh paedah marang wong liya iku ajine ngungkuli sakehing pitutur kang ndakik-ndakik nanging kang durung kebukten ananing panindak. Mula kuwi tansah udinen amrih wetuning rembug tansah keplok lumah kurep karo tindake.

3.      Aja gething marang apa kang kok duweni. Aja nyawang remeh marang apa kang kok duweni. Aja wedi yen sing mbok duweni bakal nggawa susahmu. Sing mbok duweni mujudake marganing marang kahanan kang apik.

4.      Prawiraning wong prawira iku ora kaya wong kang bisa ngasorake hawa nafsune awit hawa nafsu iku kang dadi sumber sakabehing memala, bisa ngrusak jagad yen kapinujan kesinungan panguwasa sarta bisa nuwuhake kasengsarane urip semangsa kelangan prikamanungsane.

5.      Kaprawiran lan kapitayan dhiri mono pancen wigati. Pindhane prajurit kang maju perang iku, senajan senjatane mbrabat lan pepak, yen tanpa nduweni kaprawiran lan kapitayan dhiri genah ora bakal bisa ngempakake gamane kanthi tumama. Semono uga ing setengahe bebrayan. Yen wong ora kadunungan watak prawira lan pitaya marang dhiri pribadi satemah kepinteran kang diduweni ora bakal bisa dipigunakake klawan samesthine. Bisane mung nunak-nunuk ora beda karo tumindake wong calaina kang njaluk dituntun pitulunge liyan.

[ Read More ]

PUJINE DINA PITU


1. Dina Ahad ; ya kayu ya kayumu, nabi Adam kang ndarbemni, lakunya tidak boleh nginang sehari semalam, ahad lakune ing surya, kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat limang leksa.
Kuwasane : lungguhe ing wulu, teguh ora kena winekang, lan ora katon.
2. Dina Senen ; ya rahmanu ya rahima, nabi’ullah kang ndarbeni, lakune nyegah iwak sadina sadalu, senen uripe ning wulan kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat kawan leksa.
Kuwasane : lungguhe ing kulit, teguh kang kena binenggang.
3. Dina Selasa ; ya maliku ya kudusu, nabi Isa kang ndarbeni, lakune apasa sadina sadalu selasa uriping lintang kang rumeksa sadino lawan sawengi, malekat tigang
leksa.
Kuwasane : lungguhe ing bebayu, angumpulake cahya kabeh.
4. Dina Rebo ; ya kabiru ya muntaha, pepitu uripipun nabi Ibrahim kang ndarbeni, lakune nyegah toya sadina sadalu, rebo bumi uripira kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat pitung leksa.
Kuwasane : lungguhe ing daging, teguh tan kena winangenan.
5. Dina Kemis ; ya ngalim ya ngalimu, wewolu uripipun, nabi Idris kang ndarbeni, lakune nyegah uyah sadina sedalu, kemis dahana uripnya, kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat wolung leksa.
Kuwasane : lungguhe ing otot, teguh sajege urip.
6. Dina Jumungah ; ya kafi ya muqni, ya enem uripipun, nabi Rasul kang ndarbeni, lakune nyegah pangan sadina sadalu, jumungah lakune barat, kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat leksa.
Kuwasane : lungguhe ing bebalung, sekti mandraguna.
7. Dina Saptu ; ya fatah ya rajah, sesanga uripipun, nabi Iskhak kang ndarbeni, lakune datan mendra, sadina sadalu, saptu uripe ing toya kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat sangang leksa.
Kuwasane : lungguhe ing sumsum, angumpulaken sakehing rasa kabeh.
8. Dina pitu lakon solan salin, mung sadina sawengi salinnya, pan akatah supangate, sarta anganggo laku lakunira solan salin, puji lan nabirira, myang cecegahipun apa kajate tinekan, lan malati ora kena den langkahi wayangane kang maca.
[ Read More ]

LIRIK LAGU ILAT TANPA BALUNG

Panas mongso ketigo
Wawas sing tak kroso
Tiwas aku teko
Mbok tinggal lungo
Tegane atimu ninggalake aku
Kebangeten kebangeten awakmu
Bareng sing tak rasake
Ilat tanpo balung
Janji mlaku mlaku
Mbok tinggal mlayu
Nibo tangi aku
Aku ngoyak awakmu
Tulung entenono aku
Reff :
Opo ra kelingan
Biyen kuwe kuwi sopo
Loro tak obati
Bareng mari kowe lali
Paribasan peksi
Mabur dhuwur eling bali
Aku kok apusi
Sak tenane aku ngerti
Ilat tanpo balung
Wis ditulung malah menthung
Sak karepmu tutukno lakumu

Reff :
Bareng sing tak rasake
Ilat tanpo balung
Janji mlaku mlaku
Mbok tinggal mlayu
Nibo tangi aku
Aku ngoyak awakmu
Tulung entenono aku

Reff :
Opo ra kelingan
Biyen kuwe kuwi sopo
Loro tak obati
Bareng mari kowe lali
Paribasan peksi
Mabur dhuwur eling bali
Aku kok apusi
Sak tenane aku ngerti
Ilat tanpo balung
Wis ditulung malah menthung
Sak karepmu tutukno lakumu
Sak karepmu tutukno lakumu
[ Read More ]

Mendem Wedokan

mBoke……………..
aku njaluk dikawinke
Karo sopo to le?
Sing penting ono nyawane

[Reff:]
Simbok, Simbok wetengku luwe
ono ketan, aku tukokno
Simbok, Simbok aku wis gede
Ono prawan, coba takokno

Thole, thole ketane abang
dicampuri klopo parutan
Thole, thole rabine gampang
paling penting golek gawean

Aduh Simbok penting kawinan
aku iki wis mendem wedokan
A~duh simbok ra iso turu
awan bengi
pengin pengin puengiin… ketemu

Ora gampang wong bebojoan
kudu bisa golek sandang pangan
yen mung nuruti mendemmu
opo bojo kok pakani watu?

Yen mengkono mBok
aku tak nyambut gawe
golek duwit kanggo nikahan

Iyo thole, dongane mBoke:
moga wae biso kaleksanan
[ulangi dari Reff:]
[ Read More ]

Wijining Urip

Wimbaning rasa kang aneng jro ati, wimbaning katongton, pan rumongso anuksma rasane, ing tingal sih rasane kang urip, kumpule dumadi, raos sakahetung.

Mapan aling wijining ngaurip, wijine sawiyah, enur suhut kalawan ngelmune, wadah ira geni lawan angina, ping kalihe malih, siti lawan banyu, iya iku tunggale sawiji sampurnane dadi wong.

Tiningalan iku ing lair ira, iya iku rasa banyu urip, kuwat ira angina, geni karep nepsu iku ingkang amadahi, dadinira awor, iku pada lan lair tamtune.

Rasa cahya manjing marang ngelmi, wiji kang duweni, tan kena cinaturan ingaranan sampurnaning urip, iku dipun cernoh, aja sira karem donya bae, pan weruh wawekasan urip, cahya rasa urip iku dipun weroh .

Sipat iku kang sira tingali marganipun weroh, iyo apan iku ing dadine, yenta weruh sira rupa jati, nggon ira aurip, iku misih bingung .

Iya mengko sira sun tuturi tegese kang raos, aja sira tingal jaba bae, upamanira yen sira guling lamun sira ngimpi , sapa kang andulu raragane pan kira aguling, ing jero miraos wan loro tunggale, nora pisah pan ora atunggil, pilih kang ngawruhi,  lir kaca dinulu .

Jroning kaca sira tingali, tanpa dununging nggon, iya uga among sira dhewe kaca iku umpamane jisim, kalimputan urip, sukma kang ndulu, rasa iku kang wujut jati, katingal kang katon, sirno jisim mulih ing asale, mapan asalira duk dumadi, bhumi angina geni, kaping patte banyu.

Jisim alus tan kena ing pati, iyo iku erroh, among rasa nikmat lan larane, tandya wangenan nggon ira aurip.

Lan sakehe kang jro nala tingali sayekti, kalbunira nyatane Hyang Widi, kakelir sayekti, megane pandulu.

Umpamane lir sare lan estri tingal ira raos, sumrah kabeh ing raga nikmate, suka nikmat tan wonten kuwatir, tan ngraos darbeni, sedaya pan kumpul.

Lamun sira yen arsa aguling, tan dyanen sayektos, napas ira pan iku yektine, sarta lamun sira manjing, lampahe aririh, rahmat kang tumurun.

Liyaping netra kang rohmat wus manjing, ing jro manah awor, dadya lali ing kanikmatane, marma datan anget raga iki, tanwruh kula gusti, dudu iyo dudu.

Iya iku al bransanusiri, Mukhammad rasengo, sira kawiti kang sun dadekake, pan wiji sekalir dumadi, saking ing sireki, sira saking ingsun.

Dipun reksa saranaken urip, pasrahna Hyang Manon, dipun nggono rasa sarirane, dipun awae nggonira ngulati, kang trus lawan ngelmi, pituduh ing guru.

Sabdaning gurunen ngati-ati, anuta ing pakon, sarta iklas ing pangidhep kaberah, pati urip datan den rasani, sunya lawan lawan singgih, pan ora kaetung.

Mengko padha sun tuturi malih, brahisih kang katon, kweruhana, ya ing dadine, pan ing raga dununge ing ati, ati ingkang putih, arane pausuh.

Patang prakara dadine kang isih, pan sanes kang enggon, ingkang dhingine jantung nggone, kaping kalihe limpa sadyang ati, tyaspangasih, kaping tiganipun.

Ingkang welas sarta awor asih, iku ning papusuh, tulung tinulung ing kono kuwi, tyas ing sih lakune dhemeni, tresna lan kapengin iku nggonipun.

Ingkang wonten jejantung puniki, kasmaran ingkang wong, iya supe marang liyane, kerut sedyane sih lan rasmi, rasaning sih, sadaya kapengku.

Ingkang kekalih sih dunya kang katon, lana reremen kalawan tunggale, budi piker metu ing jro ati, sabar lileng pati, donya tan kaetung,

Kaweruhana ja sira lali iku kang weruh, ing marmane aling ing paberane, barang cinta pangucap ing osik lawan esir, ya saking Hyang Agung.

Pan tarima lakune kang yekti, iku imaning wong, ingkang padhang nora pethenge, iya padhang tegese pan eling, nora kena lali, iku dhikir Ya Hu.

Erapipun kang dhikir puniki, napas manjing wiwitane panjinge napas, wedalipun napas Hu kang kapuji, ing sajeke urip, melek lawan turu.

Tegese Ya hu Allah kang urip, kang mubeng tumuwoh, sakabeh kang gumelar, urip langgeng ingkang Maha Suci, aniyata dhikir, ing sakjroning kalbu, iya iku sampurna kang urip, dadene papan awor, awor cahya kang padhange linge,  pan ciptanen dadine sawiji, iya ruh ilafi, dadine jeng rasul.

Nalikane sira angabekti, rumongsaha kang awor, tuwin sira dhuk dhikir kalane, pan ing kono nggoning kang ning, raganira iki sirnaning pandulu liyaping netra.

Kebut ing ati akbarira awor, petenging tyas tan aling ragane, Wimbuh ira katingal jro ati mring kang Maha Suci, Sih ira Hyang Agung.

Datan mawi lantarane malih, Sih Pangeraning wong, Iya rahmatira iku kabeh, Yakna rahmat Sih tumurun tan elingling diri, tansah manah liwung.

alang alang kumitir
[ Read More ]